Senin, 03 April 2017

UNGGAH - UNGGUH BASA

UNGGAH-UNGGUH BASA

Basa Jawa isih ngugemi anane unggah – ungguh basa (santun berbahasa). Undha usuk (tataran) basa ing basa Jawa kaperang kaya ing ngisor iki :
1.      Basa ngoko
Basa ngoko kaperang dadi loro yaiku:
a.       Ngoko lugu
Ngoko lugu yaiku basa ngoko sing ora kecampuran tembung-tembung krama inggil tumrap wong sing diajak guneman.
Panganggone :
1)     Marang wong sing sadrajat (sebaya) sing wis kulina (akrab)
2)     Marang wong sing luwih enom
Ø  Wong tuwo (bapak/ibu) marang anak
Ø  Guru marang muride
Ø  Eyang/simbah marang putune
Ø  Pakdhe/budhe, paman/bibi marang ponakan lan sapinunggalane
Tuladha :
a)      Kowe arep lunga menyang ngendi?
b)     Kowe mau bengi turu jam pira?
c)      Kowe dhek wingi ditukokake sepatu ing ngendi?

b.       Ngoko alus
Ngoko alus yaiku basa ngoko sing kecampuran tembung-tembung krama inggil tumrap wong sing diajak guneman.
Panganggone :
1)     Sedulur enom marang sedulur tuwa
2)     Wong sing keprenah tuwa marang wong enom sing drajade luwih dhuwur
3)     Ibu marang bapak sing wis ngoko-ngokoan (amarga wis kulina)
Tuladha :
a)      Panjenengan arep tindak menyang ngendi?
b)     Panjenengan mau bengi sare jam pira?
c)      Panjenengan dhek wingi dipundhutake sepatu ing ngendi?

Pepeling
Sing dikramakake ing basa alus yaiku :
Tembung sesulih purusa ka-2 (kata ganti orang ke-2) lan tembung kriya (kata kerja) (tuladha a lan b)
1.       Tembung kriya sing dikramakake, ater-ater (awalan), lan panambang (akhiran) tetep ngoko (tuladha c)
Tuladha :
a)     Panjenengan arep tindak menyang ngendi?
b)     Panjenengan mau bengi sare jam pira?
c)      Panjenengan dhek wingi dipundhutake sepatu ing ngendi?

2.      Basa krama
Basa krama kaperang dadi loro yaiku:
a.       Krama lugu
Basa krama lugu yaiku basa krama sing tembung-tembunge lugu lan ora kecampuran tembung-tembung krama inggil tumrap wong sing diajak guneman.
Panganggone:
Marang wong sadrajat sing durung raket (durung akrab).
Tuladha:
a)      Sampeyan badhe kesah dhateng pundi?
b)     Sampeyan wau dalu tilem jam pinten?
c)      Sampeyan kala wingi dipuntumbasaken sepatu ing pundi?

b.       Krama alus
Basa krama alus yaiku basa krama sing tembung-tembunge alus lan kacampuran tembung-tembung krama inggil tumrap wong sing diajak guneman.
Panganggone:
1)     Wong enom marang wong tuwa
Ø  Anak marang bapak/ibune
Ø  Putu marang eyang/simbahe
Ø  Ponakan marang pakdhe/budhene
Ø  Ponakan marang paman/bibine lan sapiturute.
2)     Marang wong sing luwih dhuwur drajade
Ø  Murid marang gurune
Ø  Abdi/rewang marang juragane (bendarane)
Ø  Pegawe/karyawan dedhuwurane lan sapiturute.
Tuladha:
a)      Panjenengan badhe tindak dateng pundi?
b)     Panjenengan wau dalu sare jam pinten?
c)      Panjenengan kala wingi dipunpundhutaken sepatu wonten pundi?


Selasa, 28 Maret 2017

Tuladha Layang Jawa

NULIS LAYANG KIRIMAN / LAYANG IBER-IBER

Layang mujudake salah sijining sarana komunikasi. Sadurunge kemajuan IPTEK sumambah ing saindenging tata  panguripane manungsa, layang mujudake sarana komunikasi kang penting. Ngrembakane IPTEK mligine ing babagan teknologi informasi kanthi ngasilake sistem komunikasi kanthi kabel lan satelit kang awujud radio, tv, tilpun, hp, internet lan sapanunggalane, nyebabake layang kurang kawigaten. Ananging kanggo saperangan kabutuhan, masyarakat tetep isih nggunaake layang, yaiku ing kantor-kantor pemerintah kang gegayutan karo urusan birokrasi. Kejaba saka iku masyarakat uga tetep nggunaake layang kanggo keperluan menehi warta bab kulawargane, warta kang surasane menehi weruh, ngundang lan sapanunggalane.
Layang kang dikirimake ibarate kaya diiberake, mulane banjur diarani layang iber-iber.

Miturut wujude layang iber-iber kuwi ana 5, yaiku :
1.       Layang kitir
2.       Layang Ganep
3.       Layang Lelayu
4.       Layang Ulem
5.       Layang Paturan

A.      Layang Kitir
Layang kitir yaiku layang iber-iber sing isine mung ringkes kang ditulis ing dluwang sakecandhake biasane ora perlu amplop mung cukup dilempit ditekak-tekuk wae lan ditengeri mawa tulisan kitir.
Tuladha :

Kitir
Assalamualaikum
Bu, kula wangsul saking sekolahan radi siang amargi wonten rapat OSIS bibar jam sekolah.
Wassalamualaikum

                                                                                                               Ida Purwasih


B.      Layang ganep
Layang ganep yaiku layang iber-iber sing isine jangkep. Dene layang mau diarani jangkep menawa dumadi saka perangan-perangan: a) satata basa, b) purwa basa, c) bebuka, d) isi/surasa, e) panutup
1)     Satata basa (andangiyah/ adawiyah utawa alamat surat)
Satata basa tumrap layang kuwi gumantung marang pawongan kang arep dikirimi layang, tuladhane mangkene :
a)      Marang pinisepuh umpamane marang bapak/ibu, simbah, pakdhe/budhe, bapak ibu      guru lsp.
satata basane nggunakake : Ingkang sembah sungkem kula katur ing panjenengan.
b)     Marang sedulur tuwa umpamane marang mas utawa mbakyu.
Satata basane : ingkang pangabekti kula katur ing panjenengan
c)      Marang kanca kang kajen ingajenan
Satata basane : Ingkang taklim kula katur ing panjenengan
d)     Marang anak putu lan sakpanunggalane
Satata basane : pandonga slametku tumuju marang…..
2)     Purwa basa (Pambuka / bebukane atur ing layang )
Purwa basa iku perangan layang kang isine salam lan kabar keslametan.
3)     Surasa basa ( isine layang )
4)     Wasana basa ( penutup )
5)     Titi mangsa tanggal olehe nulis layang, biasane dijangkepi karo panggonan olehe nulis layang.
6)     Peprenahan  ( Prenahe sing ngirim marang sing dikirimi )
7)     Tapak asta (tanda tangan)
8)     Asma cetha (nama terang)
Tuladhane layang ganep :
                                                                                                        Sungkem kula katur dhumateng
                                                                                                Eyang Kakung saha Putri
                                                                                                Ing Surakarta

Assalamualaikum wr. Wb.
                 Kanthi serat punika kula ngaturi pirsa dhumateng eyang kakung saha putri bilih kawontenan keluarga ing Trenggalek tansah pinaringan rahayu wilujeng mboten kirang setunggal punapa, kawula suwun kawontenan keluarga wonten Surakarta inggih semanten ugi.
                 Kejawi saking punika eyang kakung kaliyan putri, kula ngaturi uninga bilih wulan ngajeng punika  kula badhe tumut UAN. kanthi serat punika keparenga nyulihi sowan kula saperlu nyuwun pangestu, mugi-mugi kula saged lulus kanthi angka ingkang sae.
                 Wasana cekap semanten atur kula, mbokbilih wonten kirang langkungipun anggen kula matur, kula nyuwun lumunturing samodra pangaksami.
Wassalamu’alaikum wr.wb.
 Trenggalek, 29 Mei  2017          

                                                                                             Wayah panjenengan


                                                                                                 Yuyun Setyawati


C.       Layang Lelayu
Layang lelayu iku layang sing isine menehi kabar kasripahan utawa kabar kematian. Bisa wae layang mau ora katujokake marang wong siji nanging luwih asipat umum.

Tuladhane layang lelayu :
Inna lillahi wa inna ilaihi roji ‘un 
Ngaturi priksa kalawau dinten Jemuah paing tanggal 22 Agustus 2016 wanci tabuh 22.30 WIB Bapak Abu Hilal kondur dateng alam kelanggengan. Layon badhe kasarekaken dinten sabtu tanggal 23 Agustus 2016 dhateng pondhoklaya. Bidhal saking griya kula pogalan, Trenggalek wanci tabuh 09.00 Pramila mbok bilih rikala sugengipun, bapak kula nggadhahi kelepatan utawi ampilan dhumateng panjenengan sami kersaa paring pangapunten utawi manggihi keluwarga. Nuwun.
                                                                                                  Trenggalek, 22 Agustus 2016

                                                                                                  Kula atas nami para waris,

                                                                                                                  Galang Satria  Hanafi


D.      Layang Ulem
Layang ulem yaiku layang undhangane wong sing duwe gawe (mantu, khitanan, ulang taun lan pahargyan liyane)
Tuladha layang ulem:

Katur Bapak saha Ibu Drs. Andi Navianto, M.Pd
Jalan Angkasa No. 5 Gondang Tugu
Trenggalek

Assalamu’alaikum Wr. Wb.
Nuwun, kathi puji puja rahayu, sinartan sagunging pakurmatan, keparenga angantu-antu rawuh panjenengan, benjang:
                                dinten                   : Senin Kliwon, 14 ovember 2016
                                wekdal                 :  tabuh 20.00 WIB.
                                panggenan          :  pendhapa Kecamatan Pule
kawigatosan      :  mirsani saha midhangetaken Pagelaran Ringgit Wacucal kagem mengeti Dinten Pahlawan  kathi lampahan  Semar Mbangun Kahyangan, dhalang Ki Sukron Suwodo saking Blitar.
Sedaya  warga panitia saderengipun ngaturaken gunging panuwun dhumateng pajenengan, awit saking kawigatosan saha rawuh panjenengan.
Nuwun.
Wassalamu’alaikum wr.wb.

                                                                                                Pule, 10 November 2016
                                                                                                Pangarsa Panitiya

                                                                                                                               

                                                                                                Drs.Herman Tantowi


E.      Layang Paturan
Layang paturan yaiku layang sing isine menehi weruh utawa ngabari samubarang sing kudu dingerteni dening wong akeh.
Tuladha layang paturan:
                                                 
Wara-wara
Katujokake marang kabeh siswa SMP Negeri 8 Trenggalek, sesuk tanggal 8 Mei 2016 bakal dianakake Lomba volley  kanggo mengeti dina Pendidikan Nasional, saben kelas kudu ngirimake wakile dhewe-dhewe.
                                                                                
                 

                                                                                                 Seksi Olahraga


                                                                                                 Andik  Nurcahyanto