NULIS LAYANG KIRIMAN / LAYANG IBER-IBER
Layang
mujudake salah sijining sarana komunikasi. Sadurunge kemajuan IPTEK sumambah
ing saindenging tata panguripane
manungsa, layang mujudake sarana komunikasi kang penting. Ngrembakane IPTEK
mligine ing babagan teknologi informasi kanthi ngasilake sistem komunikasi
kanthi kabel lan satelit kang awujud radio, tv, tilpun, hp, internet lan
sapanunggalane, nyebabake layang kurang kawigaten. Ananging kanggo saperangan
kabutuhan, masyarakat tetep isih nggunaake layang, yaiku ing kantor-kantor
pemerintah kang gegayutan karo urusan birokrasi. Kejaba saka iku masyarakat uga
tetep nggunaake layang kanggo keperluan menehi warta bab kulawargane, warta
kang surasane menehi weruh, ngundang lan sapanunggalane.
Layang
kang dikirimake ibarate kaya diiberake, mulane banjur diarani layang iber-iber.
Miturut wujude layang iber-iber kuwi ana 5, yaiku :
1. Layang kitir
2. Layang Ganep
3. Layang Lelayu
4. Layang Ulem
5. Layang Paturan
A.
Layang Kitir
Layang kitir yaiku
layang iber-iber sing
isine mung ringkes kang ditulis ing dluwang sakecandhake biasane ora perlu amplop
mung cukup dilempit ditekak-tekuk wae lan ditengeri
mawa tulisan kitir.
Tuladha
:
Kitir
Assalamu’alaikum
Bu, kula wangsul saking sekolahan radi siang amargi wonten
rapat OSIS bibar
jam sekolah.
Wassalamu’alaikum
Ida Purwasih
B. Layang ganep
Layang ganep yaiku layang iber-iber sing
isine jangkep. Dene
layang mau diarani jangkep menawa dumadi saka perangan-perangan: a)
satata basa, b) purwa basa, c) bebuka, d) isi/surasa, e) panutup
1) Satata basa (andangiyah/ adawiyah utawa alamat surat)
Satata basa tumrap layang kuwi gumantung marang pawongan
kang arep dikirimi layang, tuladhane mangkene :
a) Marang pinisepuh umpamane marang bapak/ibu, simbah, pakdhe/budhe, bapak
ibu guru lsp.
satata
basane nggunakake : Ingkang sembah
sungkem kula katur ing panjenengan.
b)
Marang
sedulur tuwa umpamane marang mas utawa mbakyu.
Satata
basane : ingkang pangabekti kula katur
ing panjenengan
c)
Marang
kanca kang kajen ingajenan
Satata
basane : Ingkang taklim kula katur ing
panjenengan
d)
Marang
anak putu lan sakpanunggalane
Satata
basane : pandonga slametku tumuju marang…..
2)
Purwa basa (Pambuka / bebukane atur ing layang )
Purwa basa iku perangan layang kang isine salam lan kabar
keslametan.
3)
Surasa
basa ( isine layang )
4)
Wasana
basa ( penutup )
5)
Titi
mangsa tanggal
olehe nulis layang, biasane dijangkepi karo panggonan olehe nulis layang.
6)
Peprenahan ( Prenahe sing ngirim marang sing dikirimi )
7)
Tapak asta (tanda tangan)
8)
Asma cetha (nama terang)
Tuladhane layang ganep :
Sungkem
kula katur dhumateng
Eyang Kakung saha Putri
Ing Surakarta
Assalamu’alaikum
wr. Wb.
Kanthi serat punika kula ngaturi
pirsa dhumateng eyang kakung saha putri bilih kawontenan keluarga ing
Trenggalek tansah pinaringan rahayu wilujeng mboten kirang setunggal punapa,
kawula suwun kawontenan keluarga wonten Surakarta inggih semanten ugi.
Kejawi saking punika eyang kakung kaliyan putri, kula ngaturi uninga
bilih wulan ngajeng punika kula badhe
tumut UAN. kanthi serat punika keparenga nyulihi sowan kula saperlu nyuwun
pangestu, mugi-mugi kula saged lulus kanthi angka ingkang sae.
Wasana cekap semanten atur kula, mbokbilih wonten kirang langkungipun
anggen kula matur, kula nyuwun lumunturing samodra pangaksami.
Wassalamu’alaikum
wr.wb.
Trenggalek,
29 Mei 2017
Wayah panjenengan
Yuyun Setyawati
C. Layang Lelayu
Layang lelayu iku layang sing isine menehi kabar
kasripahan utawa kabar kematian. Bisa wae layang mau ora katujokake marang wong
siji nanging luwih asipat umum.
Tuladhane layang lelayu :
Inna lillahi wa inna ilaihi roji ‘un
Ngaturi priksa kalawau dinten
Jemuah paing tanggal 22 Agustus 2016 wanci tabuh 22.30 WIB Bapak Abu Hilal
kondur dateng alam kelanggengan. Layon badhe kasarekaken dinten sabtu tanggal
23 Agustus 2016 dhateng pondhoklaya. Bidhal saking griya kula pogalan,
Trenggalek wanci tabuh 09.00 Pramila mbok bilih rikala sugengipun, bapak kula
nggadhahi kelepatan utawi ampilan dhumateng panjenengan sami kersaa paring
pangapunten utawi manggihi keluwarga. Nuwun.
Trenggalek, 22
Agustus 2016
Kula atas nami para waris,
Galang Satria Hanafi
D.
Layang Ulem
Layang ulem yaiku layang undhangane wong sing duwe gawe
(mantu, khitanan, ulang taun lan pahargyan liyane)
Tuladha layang ulem:
Katur Bapak saha Ibu Drs.
Andi Navianto, M.Pd
Jalan Angkasa No. 5 Gondang
Tugu
Trenggalek
Assalamu’alaikum Wr. Wb.
Nuwun, kathi puji puja rahayu, sinartan sagunging pakurmatan,
keparenga angantu-antu rawuh panjenengan, benjang:
dinten : Senin Kliwon, 14 ovember
2016
wekdal : tabuh 20.00 WIB.
panggenan :
pendhapa Kecamatan Pule
kawigatosan : mirsani saha midhangetaken Pagelaran Ringgit
Wacucal kagem mengeti Dinten Pahlawan
kathi lampahan Semar Mbangun Kahyangan, dhalang Ki
Sukron Suwodo saking Blitar.
Sedaya warga panitia saderengipun
ngaturaken gunging panuwun dhumateng pajenengan, awit saking kawigatosan saha
rawuh panjenengan.
Nuwun.
Wassalamu’alaikum
wr.wb.
Pule,
10 November 2016
Pangarsa
Panitiya
Drs.Herman
Tantowi
E.
Layang Paturan
Layang paturan yaiku layang sing isine menehi weruh utawa
ngabari samubarang sing kudu dingerteni dening wong akeh.
Tuladha layang paturan:
Wara-wara
Katujokake marang kabeh siswa SMP Negeri 8 Trenggalek,
sesuk tanggal 8 Mei 2016 bakal dianakake Lomba volley kanggo mengeti dina Pendidikan Nasional,
saben kelas kudu ngirimake wakile dhewe-dhewe.
Seksi Olahraga
Andik Nurcahyanto