Senin, 03 April 2017

UNGGAH - UNGGUH BASA

UNGGAH-UNGGUH BASA

Basa Jawa isih ngugemi anane unggah – ungguh basa (santun berbahasa). Undha usuk (tataran) basa ing basa Jawa kaperang kaya ing ngisor iki :
1.      Basa ngoko
Basa ngoko kaperang dadi loro yaiku:
a.       Ngoko lugu
Ngoko lugu yaiku basa ngoko sing ora kecampuran tembung-tembung krama inggil tumrap wong sing diajak guneman.
Panganggone :
1)     Marang wong sing sadrajat (sebaya) sing wis kulina (akrab)
2)     Marang wong sing luwih enom
Ø  Wong tuwo (bapak/ibu) marang anak
Ø  Guru marang muride
Ø  Eyang/simbah marang putune
Ø  Pakdhe/budhe, paman/bibi marang ponakan lan sapinunggalane
Tuladha :
a)      Kowe arep lunga menyang ngendi?
b)     Kowe mau bengi turu jam pira?
c)      Kowe dhek wingi ditukokake sepatu ing ngendi?

b.       Ngoko alus
Ngoko alus yaiku basa ngoko sing kecampuran tembung-tembung krama inggil tumrap wong sing diajak guneman.
Panganggone :
1)     Sedulur enom marang sedulur tuwa
2)     Wong sing keprenah tuwa marang wong enom sing drajade luwih dhuwur
3)     Ibu marang bapak sing wis ngoko-ngokoan (amarga wis kulina)
Tuladha :
a)      Panjenengan arep tindak menyang ngendi?
b)     Panjenengan mau bengi sare jam pira?
c)      Panjenengan dhek wingi dipundhutake sepatu ing ngendi?

Pepeling
Sing dikramakake ing basa alus yaiku :
Tembung sesulih purusa ka-2 (kata ganti orang ke-2) lan tembung kriya (kata kerja) (tuladha a lan b)
1.       Tembung kriya sing dikramakake, ater-ater (awalan), lan panambang (akhiran) tetep ngoko (tuladha c)
Tuladha :
a)     Panjenengan arep tindak menyang ngendi?
b)     Panjenengan mau bengi sare jam pira?
c)      Panjenengan dhek wingi dipundhutake sepatu ing ngendi?

2.      Basa krama
Basa krama kaperang dadi loro yaiku:
a.       Krama lugu
Basa krama lugu yaiku basa krama sing tembung-tembunge lugu lan ora kecampuran tembung-tembung krama inggil tumrap wong sing diajak guneman.
Panganggone:
Marang wong sadrajat sing durung raket (durung akrab).
Tuladha:
a)      Sampeyan badhe kesah dhateng pundi?
b)     Sampeyan wau dalu tilem jam pinten?
c)      Sampeyan kala wingi dipuntumbasaken sepatu ing pundi?

b.       Krama alus
Basa krama alus yaiku basa krama sing tembung-tembunge alus lan kacampuran tembung-tembung krama inggil tumrap wong sing diajak guneman.
Panganggone:
1)     Wong enom marang wong tuwa
Ø  Anak marang bapak/ibune
Ø  Putu marang eyang/simbahe
Ø  Ponakan marang pakdhe/budhene
Ø  Ponakan marang paman/bibine lan sapiturute.
2)     Marang wong sing luwih dhuwur drajade
Ø  Murid marang gurune
Ø  Abdi/rewang marang juragane (bendarane)
Ø  Pegawe/karyawan dedhuwurane lan sapiturute.
Tuladha:
a)      Panjenengan badhe tindak dateng pundi?
b)     Panjenengan wau dalu sare jam pinten?
c)      Panjenengan kala wingi dipunpundhutaken sepatu wonten pundi?